Nikmatte Tape Sukun seng Kaya Manfaat Khas Kendal

  • 4 tahun yang lalu
KENDAL, KOMPAS.TV - Nek umumme lur... buah sukun diolah dadi cemilan utowo digawe keripik. Nanging ing Kendal ono warung seng ngolah sukun dadi tape. Eeee lha dallah... Ing tanganne Wiwid BN iki, buah sukun seng melimpah ing Kendal kasil diolah dadi tape. Senajan kanggo iso ngasilke tape sukun seng rosone enak kudu nglakokke pirang-pirang percobaan. Sakliyane nduwe tekstur seng lembut, tape sukun seng diolah ugo nikmat kanggo disajekke dadi macem-macem olahan campuran panganan lan wedang seng manfaatte tentune akeh lur. Nah manfaatte yoiku koyok iso ngedunke kolesterol lan darah tinggi nganthi ngewangi awak kanggo nglawan radikal bebas. Lan salah siji kuliner seng digandrungi yoiku es dawet sukun ireng seng rosone nikmat lan iso ngilangke ngelak lur sueegerr.. enak tenan... Tape sukun biasane didol regone 4 ewu rupiah kanggo seng ukuranne cilek lan 16 ewu rupiah kanggo seng ukuranne gede. Nah nek pamirso lewat ing Kabupaten Kendal, orak ono salahe mampir ing kedai kino seng ono neng dalan Stadion, kanggo ngrasakke sensasi lan nikmatte tape sukun lur.

#BuahSukun #TapeSukun #KulinerKhasKendal