Mbah Putri Wuto Huruf Nggolek Keadilan Sakwise Diapusi Tanggane

  • 4 tahun yang lalu
SEMARANG, KOMPAS.TV - Karo didampingi sakjumlah kuasa hukum soko koalisi advokat peduli mbah Tun, simbah putri seng wuto huruf iki nekani kantor Komisi Yudisial kanggo njaluk bantuan supoyo iso nglakokke monitoring masalah hukum seng dialami mbah Tun. Yoiku mbah Sumiyatun, warga Balerejo Dempet, Demak, iki wes nggugat BPN Demak ing PTUN kanggo nggolek keadilan soko sawah e seng diakoni wong liyo lan digadekke ing bank. Yoiku tonggone seng wes ngapusi mbah Sumiyatun seng orak iso moco lan tulis. Mbah Sumiyatun mung ngarepke sawah e iso mbalek neng tanganne, mergo sawah e mbah Sumiyatun arep dieksekusi karo pihak Pengadilan Demak, sakwise ono wong seng jenenge Dedy Setiawan seng menang lelang bank soko sawah seng ombone 8.250 meter persegi, seng digadekke ing bank. Ilang e sawah duwek e mbah Sumiyatun iki awalle dewek e ditekani telu wong seng salah siji tonggone seng jenenge Mustofa, seng njaluk cap jempol. Lan jebulno cap jempolle ngakibatke sawahe digadekke ing bank lan pembayaranne macet.

#Penipuan #AdvokatPeduliMbahTun #KabupatenDemak