Ninit Putry Sagita & Niken Sulastri Membaca Geguritan di Rumah Kreasi Palar

  • 2 tahun yang lalu
꧁ꦏꦧꦂꦥꦭꦂ꧂

#RumahKreasiPalar

Ninit Putry Sagita & Niken Sulastri Membaca Geguritan di Rumah Kreasi Palar

Ninit Putry Sagita, pembaca geguritan "Ki Hajar Dewantara"
Niken Sulastri, pembaca geguritan "Ibu"

Pembawa Acara: Dika Agung Nugroho dan Yesy Enggar Wijayanti

---------
"Ki Hajar Dewantara"
Karya: Bisri Nuryadi

Ing adheme hawa Walanda
Sira panggah netepi setya
Nyawiji ing ngilmu
Ngugemi ing laku
Nyerat ing saben-saben wektu

Nalika ati krasa
krungu swara jerite sedulur
Ing lemah Pertiwi
Sira gumregah greget
Bali ing desa mijilmu
Nuswantara

Suwardi suryaningrat
Kondhang kanthi asma Ki Hajar Dewantara
Putra kraton sugih bandha brana
Milih dadi satriya lelana
Manunggal sajroning rakyat jelata
Gugur dadi pahlawan Negara
Minangka Bapak Pendhidhikan Bangsa

---------
"Ibu"
Karya: Yossanti

Tresna asih ibu
Ora ana kang bisa ngganteke
Kesabaran ibu kang kebak wutuh
Ora bisa daklaleke

Do’a ibu kang tulus
tansah ngiringi awakku
pengorbanane kang tanpa wates
ora bisa winales

Ibu . . .
pituturmu bakal dakrungu
tresna asihmu marang aku
ora bakal puput
Pandongaku ibu…
Muga Gusti tansah nyembadani

Produksi Palar TV Indonesia
2019

꧅ꦩꦸꦒꦶꦠꦶꦤꦼꦧꦺꦃꦤꦆꦁꦠꦸꦭꦃꦱꦫꦶꦏ꧀꧅