Satgas Pangan Nglakokke Pantauan Stok Gula Pasir

  • 4 tahun yang lalu
KUDUS, KOMPAS.TV - Soko hasil pantauan ing Pasar Kliwon Kudus, stok gulo pasir iseh ono ing pasaran. Nanging regone gulo pasir mundhak nganthi 17 ewu rupiah sak ben kilone. Tim satgas tugas pangan durung ngerti sacoro pasti opo penyebabbe rego gulo pasir mundhak. Senajan mundhake rego gulo pasir durung nganthi nggawe masyarakat resah, nanging dampak e iso ing industri panganan, mulo kudu ono upoyo kanggo ngantisipasi rego gulo pasir seng mundhak iki. Koyok dingerteni mundhake rego gulo pasir ing pasaran seng nganthi 17 ewu rupiah sak ben kilone iki wes ngluwihi het utowo harga eceran tertinggi seng dipatok soko pemerintah yoiku 12.500 rupiah sak ben kilone.

#GulaPasir #RegoGulaPasir #Kudus

Dianjurkan